Kamis, 22 Maret 2012

Tuladha Geguritan



Ojo Ninggalake Budaya
Karya : Muhamad Faqih Ash Shofi

Budaya.. mulai ditinggalake..
Budaya.. mulai diilangake..
Para penerus bangsa ora pada mikirake, pentinge due budaya..
Budaya kang bisa ndadekke kebanggaan..
Nanging sing disenengi malah budayane wong liya..

Sing dilakoni malah budayane wong liya..
apa pada ora isin, budayane wong liya sing di lakoni!
Sing budayane nyimpang saka budayane kita!
Kenopo.! Kenopo!
Coba pikirono.. sapa sing arep neruske budaya ing indonesia, nek ora para pemuda..
Lan sing arep melu nglestariake..
Ayo para kaula muda..
Mulai saiki jaga budaya kita, supaya ora di jupuk wong liya..

1 komentar: